Pages

Minggu, 21 Agustus 2011

Pacelathon Basa Jawa

Ceritanya ini buat tugas Bahasa Jawa. Di dalamnya ada parikan dan wangsalannya juga lho.. Semoga bisa membantu yaa.. ^.^

Ani : “Assalamu’alaikum”
Ina : “Wa’alaikum salam. We lha, njanur gunung kowe tekan kene.”
Ani : “Oo iyo nho. Wedang bubuk, gula jawa. Yen kepethuk, ati lega.
Ina : “Cilik gedhe, ciut amba. Kowe mrene, perlu apa?”
Ani : “Iki lho, aku arep njilih buku.”
Ina : “Apa? Kowe nesu karo aku?”
Ani : “Kowe ki jane wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.”
Ina : “Kowe ngarani aku budheg?”
Ani : “Lha piye meneh. Aku takon ngalor, kowe njawab ngidul.”
Ina : “Haha, iya iya. Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti. Piye, sida njilih ora?”
Ani : “Gula legi, yen pahit kuwi ya pace. Kowe ngerti, apa sing dak karepake.”
Ina : “Oo, Matematika ta? Arep mbok nggo apa?”
Ani : “Kuwi lho PR bab limit. Ah, njangan gori, nganti judheg anggonku mikir cara nggarape.”
Ina : “Sabar.. Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.”
Ani : “Sabar, sabar… (ngelus dhadha). Endi bukune? Dak silihe dhisik.
Ina : “Tunggunen, dak jupuke dhisik. (mlebu omah). Iki bukune!”
Ani : “Ya, matur nuwun.”
Ina : “Akeh lintang, tengah wengi. Aja ilang, kudu bali.”
Ani : “Akeh watu, pinggir kali. Yen mbi aku, bakal bali.”
Ina : “Hahaha… ya wis kana muliha. Rak wis bar, ta urusanmu?”
Ani : “Walah, ngusir ta iki ceritane. Ya wis, Assalamu’alaikum.”
Ina : “Wa’alaikum salam”

-Rafika Fitri Qonita-

Parikan

PARIKAN

Parikan iku unèn-unèn kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigatèn, kang kapindho minangka isi. Parikan iki kaya pantun nanging mung rong larik. Parikan migunakake purwakanthi swara.

Kang Diarani Parikan
Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
• Kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
• Saben saukara kadaden saka rong gatra
• Ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukara kapisan, 2 gatra). Calon guru, kudu sabar (ukara kapindho, 2 gatra).
Gunane purwaka (ukara kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).

Manut (cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
1. Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha:
Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda)
2. Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda)
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
3. Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik.
Tuladha kasebut kena katulis mangkene:
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paugeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha:
• Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
• Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur

Carane Ngarang Parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadadean saka 4 wanda+4 wanda, utawa 4 wanda+8 wanda, utawa 8 wanda+8 wanda. Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane padha karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.



Klebu Rerengganing Basa
Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bisa njalari rame nengsemake. Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.

Tuladha parikan warna telu

Parikan (4 wanda + 4 wanda) X 2
Wajik Kletik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja

Nangka jeruk, jambu nanas
Rada watuk, ngelu panas

Wedang bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa

Wedang bubuk, gula jawa
Yen kepethuk, ati lega

Wajik klethik, gula abang
Aja suthik, yen tumandang

Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2
Kembang aren, sumber tepining kalen
Aja dahwen, yen kowe kepengen kajen

Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur

Kembang menur, den sebar den awur-awur
Bareng makmur, banjur lali mring sadulur

Parikan (8 wanda + 8 wanda) X 2
Gawe cao nangka sabrang, kurang setrup luwih banyu
Aja awatak gumampang, ing atase calon guru


Sega punar lawuh empal, segane pengenten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar

Purwakanthi parikan bisa digawe mawa petungan kang adhedhasar petungan wanda (suku kata).

4 wanda - 4 wanda
wajik klethik, gula jawa
luwih becik wong prasaja
jemek-jemek gula jawa
aja ngenyek padha kanca
manuk emprit menclok pager
dadi murid kudu pinter

4 wanda - 8 wanda
tawon madu, ngisep sari kembang jambu
aja nesu yen dituduhaké luputmu
kembang menur, den sebar den awur-awur
bareng makmur, banjur lali mring sedulur
manuk emprit, nggawa kawat ing wit waru
dadi murid, kudu hormat marang guru
ana baya, mangan roti karo kanca
pengin mulya, aja wedi ing rekasa

8 wanda - 8 wanda
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati
uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati