Pages

Jumat, 17 Februari 2012

Pranatacara Mantenan

PRANATACARA

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

1. Nuwun, para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, pambyawara hangaturaken sugeng rawuh, mugi kepareng hamrayogekaken lelenggahan ngantos titi purnaning pamiwahan ing dinten punika.
Para tamu kakung putri ingkang kawula hormati,
Saderengipun tatacara pamiwahan kawiwitan, pambyawara kepareng hangaturaken rerantaman adicara pamiwahan ingkang badhe linampahan ing dinten punika:
1) Lenggahanipun temanten putri
2) Rawuhipun temanten kakung
3) Mlebetipun temanten dhateng pasamuwan
4) Pasrahan temanten kakung
5) Panampining pasrah
6) Adicara panggih
7) Adicara kacar-kucur
8) Rawuhipun tamu besan
9) Adicara pangabekten
10) Adicara atur pambagya harja
11) Adicara kirab
12) Adicara paring nursitawara
13) Purnaning pamiwahan
Pambyawara maos rerantaman adicara ingkang baku-baku kemawon.
Makaten rerantamaning adicara pamiwahan ing dinten punika. Wasana mugi kepareng hamrayogekaken lenggah, sinambi amidhangetaken laras ing pradangga anguyu-uyu. Nuwun.

2. Ngacarani Lenggahipun Temanten Putri
Kula nuwun, para tamu kakung putri ingkang kawula hormati,
Temanten putri sampun purna ngadi busana. Kairingaken dening Ibu Sri Supanti, kakanthi Ibu Widarti lan Ibu Widarsi, kadherekaken sawetawis paraga temanten putri tumunten badhe miyos lenggah ing palenggahan temanten. Miyosing temanten karengga ketawang Puspawarna, Laras Slendro pathet manyura. Sumangga.

3. Ngacarani Rawuhipun Temanten Kakung
Nuwun para tamu kakung putri, temanten kakung sapendherek sampun kepareng rawuh. Rawuhipun temanten kabiwadha Lancaran Kebogiro Pelog Pathet barang, sumangga.

4. Ngacarani Mlebetipun Temanten dhateng Pasamuwan
Para tamu kakung putri, temanten kakung sapendherekipun sampun tata rakit ing wiwaraning pasamuwan. Ingkang punika paraga ingkang kajibah sumangga kemunten keparenga hangacarani rawuhipun temanten ing pasamuwan. Tindakipun temanten kabiwadha ungeling Ladrang Wilujeng Bedhayan, Laras Pelog pathet barang. Sumangga.

5. Ngacarani Pasrahan Temanten Kakung
Bapa Suratman, sampun samapta ing karya. Samanten ugi Bapa Surono Dibyo Susilo, Bapa Sumarno, Bapa Widodo sarta Bapa Bambang Prasetya sampun siyaga tumanggaping damel. Awit saking punika wanci kaaturaken ing ngarsanipun Bapa Suratman. Sumangga.

6. Ngacarani Panampining Pasrah
Sampun purna paring pangandikanipun Bapa Suratman hamasrahaken temanten kakung. Pasrahing temanten nunten katampi dening Bapa Rukmanto Sudirahusada lumantar panjenenganipun Bapa Surono Dibyo Susilo wanci kaaturaken. Sumangga.

7. Ngacarani Adicara Panggih
Para tamu kakung putri, tumunten badhe katindakaken adicara panggihing temanten. Paraga ingkang tinanggenah keparenga nyawisaken pirantos sacekapipun. Panggihing temanten karigenaken dening Ibu Sri Supanti. Awit saking punika Ibu Sri Supanti keparenga nganthi temanten putri anuju dhateng papaning panggih. Para tamu kasuwun paringipun puji pangestu dhumateng temanten kekalih. Panggihing temanten kabiwadha ungeling gendhing Monggang kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang. Sumanggga.

8. Ngacarani Adicara Kacar-Kucur
Para tamu kakung putri, adicara panggihing temanten sampun tumapak kanthi prayogi, wilujeng nir ing sambikala. Salajengipun konjuk ngarsanipun Ibu Sri Supanti keparenga nglajengaken adicara kacar-kucur tuwin adicara adat saperlunipun.

9. Ngacarani Rawuhipun Tamu Besan
Kula nuwun para tamu, wit saking notoling manah kepengin paring pangestu dhateng temanten kekalih sarta raket rumaketing bebesanan, Bapak Ibu Warsono Sastro Hadi Kusuma kepareng rawuh ing pasamuwan punika. Ingkang tinanggenah keparenga hangacarani rawuhipun tamu besan. Mrih renggeping swasana, rawuhipun Besan kinurmatan Ladrang Tirtakencana, Laras Pelog Nem. Sumangga.

10. Ngacarani Adicara Pangabekten
Sanggya para tamu, kadang besan sutresna panjenenganipun Bapak Ibu Warsono Sastro Hadi Kusuma sampun lenggah aben ajeng kaliyan panjenenganipun Bapak Ibu Rukmanto Sudirahusada wonten sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sarimbit. Dhumateng para-para ingkang piniji rahayuning sedya kasumanggakaken. Tumapaking adicara sungkeman binarung ungeling Ladrang Mugi Rahayu laras slendro pathet manyura. Sumangga.

11. Ngacarani Adicara Atur Pambagya
Para tamu kakung sumawana putri, panjenenganipun Bapa Rukmanto Sudirahusada badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja, miwah wudharing gantha, lekas wekasing sedya, wigatosing gati. Inggih kabekta saking raos bombong miwah mongkoging manah, karana karoban ing sih sedaya ingkang sampun kepareng hanjenengi, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyos ing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng hanyaraya dhumateng panjenenganipun Bapa Tukijo Djoko Suhardjo. Ing salajengipun dhumateng para-para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga.

12. Ngacarani Adicara Kirab Kanarendran
Sanggya para tamu, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana wiwaha, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran, santun busana ksatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala, lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri Gendhing Ayak-ayakan laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langenggita Sri Narendra laras pelog pathet barang. Sumangga.

13. Ngacarani Adicara Kirab Kasatriyan
Para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu sagunging pakurmatan, kados-kados putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, keparenging sedya badhe marak sowan malih ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan. Kirabing putra temanten ngrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling Ketawang Subakastawa laras slendro pathet sanga. Sumangga.

14. Ngacarani Adicara Paring Nursitawara
Para tamu kakung putri,
Temanten kekalih sampun sowan ing ngarsa. Clereting netra kawistara, agung nggenya angantu-antu paring panjenengan puji pangastuti, widadaning lampah, tulusing parasdya, anggenya mangun brayat, winisudha sinengkakaken ing tataran wredha, werdine pan kedah mandireng priyangga. Meh antuka kalidamar, pandham margining agesang bebrayan, mila kasuwun panjenenganipun Bapa Sumantri paring ular-ular dhumateng temanten kekalih, sumarambah ing sadayanipun.
Wasana, sumangga.

15. Purnaning Pamiwahan
Makaten para tamu kakung putri, mliginipun dhateng temanten kekalih. Mugi dadosa bundhelan adi, gegaran nggayuh widadaning palakrama. Kados sampun boten worsuh panampi panjenengan. Kantun keparenga sami angecakaken ing gesang bebrayan.
Minangka pratandha paripurnaning pasamuwan pamiwahan, kalanipun ingkang amengku karya, tuwin temanten kekalih sampun samapta anguntapaken konduripun para tamu ing sangandhaping wiwara pamiwahan. Konjuk ngarsanipun ibu Sri Supanti, juru mratitisaken wiraga temanten kekalih, keparenga temanten kekalih kakanthi tinuju dhateng wiwaraning sasana pamiwahan, saperlu nguntapaken konduripun para tamu.
Para tamu kakung putri,
Pamiwahan sampun paripurna.
Lumantar pambyawara, ingkang amangku karya hamangsuli hangaturaken gunging panuwun, awit paring panjenengan bebantu rupi punapa kemawon. Sadaya kiranging boja lan krami, keparenga paring agunging pangaksama.
Mligenipun tumrap jasad kula, Pambyawara, kathah saru-siku, temah tan bangkit adamel rena, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Nuwun sugeng kondur dhumateng para tamu sadaya.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.